free hit counter code

Pengertian tanggap wacana. Jenis tanggap wacana. Struktur tanggap wacana

Pengertian tanggap wacana.

Jenis tanggap wacana.

Struktur tanggap wacana

Tanggap Wacana utawa Pidhato: yaiku ngandharake gagasan marang wong liya ( para rawuh/ tmau/ undhangan ) sarana micara sing wis kasususn kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu.
jenis:

1. Atur Panatacara
Atur panatacara yaiu tanggap wacana kang ditindakake dening panatacara utawa pambiwara sing mengku ( memandu ) ing sawijining acara resmi utawa adicara upacara tradhisional kayata khitanan, panggih manten, lsp
2. Atur Pambagya
Atur Pambagya yaiku tanggap wacana kang ditindakake nalika mahargya ( menyambut ) rawuhe para tamu/ undhangan ing adicara resmi, resmi utawa upacara-upacara tradhisional liyane.
3. Sesorah
Sesorah yaiku tanggap wacana kang ditindahake kanthi tujuan nyampekake sawijining informasi utawa maksud tartamtu sing kudu dimangerteni wong akeh.
4. Khotbah
Khotbah yaiku tanggap wacana kang ditindakake kanthi tujuan paring pitutur ( nasehat ), wawasan, utawa pamedhar sabda, ing adicara resmi, upacara adat utawa acara-acara tartamtu.
struktur: Salam Pambuka   : salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utawa sing kaperang rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.

Purwaka               : atur pamuji yukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/ tamu sing kepareng rawuh.

Isi utawa Surasa Basa : sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.

Dudutan (kesimpulan) : ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.

Pangarep-arep : pituduh lan pangajab sing diandharake  marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.

Wasana Basa (panutup) : atur panuwun serta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *